Cari Blog Ini

Sabtu, 18 Desember 2010

TAFSIR MIMPI MENURUT PRIMBON

Menurut penuturan para pinisepuh, kejadian mimpi kuwi dibagi berdasarkan periode wektu kedadene isa dikelompoke dadi telu :

1. Titi-onyi
Artine kejadian mimpi di awal malam antara jam 21.00-24.00.
biasanya merupakan refleksi dari pikiran yang tidak mampu ditinggalkan oleh sesorang menjelang tidur seperti rasa gelisah, stress, kalut dan lelah dengan aktivitas kerja dan rutinitas keseharian. Mimpi jenis ini ora ana artine babar blas lan sering dialami merga turu kesoren.

2. Gondo-onyi
Terjadi di pertengahan malam hingga menjelang lingsir wengi , antara jam 24.00-03.00.
Mimpi inipun pada karo dening titiyoni ora duwe makna khusus lan disebut mung sekedar sebagai kembange turu, alias bunga tidur.

3. Puspa-tajem
Mimpi iki terjadi setelah lewat waktu lingsir wengi menjelang bedhuk subuh uput-uput , antara jam 03.00-06.00. Mimpi iki dikatakan karo para sesepuh sebagai isyarat ing jaman, tanda-tandaning kasejaten. Dipercaya sebagai firasat utawa kabar ghoib sing diparingi dining Gusti Allah terhadap sesuatu hal yang akan terjadi

Nang ngisor iki sebagian tafsir mimpi, yen olo aja percaya , yen becik muga ndang mancik.

Adus embun ing pucuk gunung, iku bakal katekan hajate lan seneng pikire.
Adus ing kali, pratondo bakal antuk kasucianing ati.
Ambung-ambungan, iku bakal oleh pangalembono.
Andulu ing banyu bening, pratondo bakal oleh arto.
Andulu ing bengawan, iku bakal antuk kabegjan.
Andulu mego angaubi, pratondo bakal katekan sembarang hajate.
Andulu segoro, pratondo bakal luput soko sakabehing pakarti, yen duwe utang bakal kasauran.
Andulu udan, pratondo bakal akeh rejekine.
Antuk keris, pratondo cepak jodone.
Awake katon gede banjur cilik nuli gede maneh, pratondo bakal antuk kagunan anyar
Bulan njedul ing sakduwuring omahe, iku pratondo bakal ono wong kang ngarah olo
Daging pitik utowo ndase, iku bakal oleh kebecikan.
Damar murup, pratondo bakal katekan hajate.
Dicakot ulo mandi / welang, iku bakal kinasihan ing wanito / priyo.
Diuncalake wong utowo dibuang wong, iku bakal antuk kemenangan lan kajen keringan
Entuk ali2 utowo suwoso, iku bakal antuk kanugrahan.
Entuk jago utowo adu jago, pratondo bakal duwe anak bagus rupane.
Entuk pithik babon, pratondo bakal duwe anak wadon.
Gajah emas, iku bakal antuk begjane.
Gempil warangkaning kerise, iku bakal kelangan bojo utowo ditinggal purik.
Geni soko adoh, pratondo durung bener agamane.
Getih pithik, pratondo opo kang dikarepake bakal keturutan.
Gunung gedhe, pratondo bakal tentrem atine.
Ing longane ono pithik akeh, iku bakal sugih rewang.
Kecedaan macan, yen nganti digondol adoh. iku bakal kinasihan lurahe lan kinasihan ing wong agung
Kecemplung ing sumur mati, pratondo bakal antuk kawruh anyar.
Kemulan putih utowo jarik putih, iku bakal entuk ganjaran loro.
Kesamber bledeg. iku becik, bakal kadunungan karahayon lan kinasihan ing wong gedhe.
Kilat lan krungu suarane gludug, tandane bakal sudo rejekine.
Kodanan lan kanginan, pratondo bakal regejegan.
Kodanan nganti suwe, pratondo bakal asesuci
Lintang lan kilat thathit, mongko bakal oleh kaweruh.
Lintang medun neng omahe, iku bakal antuk kabejan gede.
Mabur ing awang2, iku bakal jembar tebane.
Malaikat, pratondo bakal sugih bondo.
Mangan daging gajah, iku bakal akeh rejekine.
Mangan iwak menjangan, iku bakal antuk duwit.
Mego putih, iku pratondo becik, akeh rejekine.
Mego, pratondo bakal sudo rejekine.
Metu soko alas, pratondo bakal nandang prihatin.
Mlaku ing banyu, pratondo bakal nesu.
Mlumpat kali ora biso, pratondo cepak ing patine.
Mumbul ing awang2 / munggah gunung kanti padanging pandeleng, iku bakal akeh rejekine lan kabul hajate
Munggah ing gunung, pratondo bakal antuk drajat.
Munggah prau kang endah, iku bakal ilang sugihe.
Nangis, pratondo bakal antuk kabegjan.
Nangis, pratondo bakal antuk kabegjan.
Nglangi ing bengawan / ing kali, iku bakal luput lan adoh sembarang karepe.
Ngombe banyu bengawan, pratondo bakal katekan sedyane.
Ngombe banyu bening, pratondo bakal antuk suko.
Ngombe banyu kendil, pratondo bakal tambah dosane.
Ngombe banyu panas, pratondo bakal susah.
Ngombe banyu segoro, pratondo bakal luput ing panggawe olo.
Ngombe banyu telogo, pratondo bakal kepenak uripe.
Nikah utowo rabi, iku bakal antuk wesi aji, biso ugo duroko.
Numpak onta utawo jaran, iku bakal antuk kamulyan.
Nyolong iwak, iku bakal ono rejeki teko.
Oleh manuk, bakal antuk wanodyo kang ayu rupane.
Omahe akeh bathange, pratondo bakal akeh rejekine.
Omahe rusak, pratondo bakal nandang prihatin.
Payungan payung anyar, iku bakal antuk rojobrono.
Pithik, iku bakal seneng atine.
Prau gedhe, iku bakal antuk kanugrahan.
Sedekah utowo zakat, iku bakal akeh rejekine.
Setubuh karo rabine, pratondo bakal antuk kanugrahan.
Sikile metu banyune, pratondo bakal dadi pangulu.
Slulup ing banyu, pratondo bakal oleh nugroho gede utawa bakal oleh sandang pangan..
Slulup sarto ngombe banyu, pratondo becik teguh imane.
Srengenge lan mbulan katone adoh, pratondo bakal dowo umure.
Srengenge mung katon separo-, pratondo bakal ono perang.
Srengenge, pratondo bakal padang atine.
Sumurup srengenge tibo ing bumi utowo omah, iku bakal antuk kemenangan lan kajen keringan
Tandurane katon lemu, iku bakal akeh rejekine.
Tandurane podo rubuh, pratondo bakal sudo rejekine.
Udan tumibo ing kali, pratondo bakal ilang prihatine.
Udan tumibo ing telogo, pratondo bakal kinawulan ing wong.
Ulo mandi (welang) utowo macan gembong, pratondo bakal antuk fitnah.
Watu, iku bakal ilang prihatine.
Wedus, pratondo bakal ilang kesugihane lan yen loro waras.
Widodari, iku bakal munggah derajate.
Wong gawe pager, iku bakal luput soko panggawe olo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar